A. Crita Rakyat
Crita
rakyat yaiku crita kang dicritakakekanthi turun-temurun utawa kang wis dadi
tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakaken ing maneka werna
kahanan, anaing sajroning kumpulan, utawa pinangka. crita pamancing impen, lan sapiturute.
Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga uga bisa migunani minangka pendhidhikan
budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah - bocah. Crita rakyat duwe
unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar(setting),
alur(plot), sudut pandhang lan amanat.
Tema yaiku
pokok permasaahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema gumathok
supaya gamapang diwaca. Latar(setting) yaiku papan panggonan,wektu, lan
suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni
watak sing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudut
pandhang yaiku cara pandang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong
kapisan, wong kapindo, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake
dening panganggit marang wong kang maca.
Crita rakta
ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang
nduweni gegayuhan karo pamikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai -
nilai social kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni
sapadha, lan nilai – nilai moral kang nduweni gegayutan karo tumindak apik lan
elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.
Ø Titikane crita
rakyat
a. Panyebarane
kanthi lesan
b. Duweni
sipat tradhisional
c. Sugih
cakrik lan variasi
d. Jenenge
pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing
nganggit)
e. Wangune tiron (klise) ana ing susunan
utawa cara pangungkapane.
Ø
Mupangat crita rakyat yaiku:
a. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga
menehi hiburan.
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai –
nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
c. Mupangat estestis yaiku menehi nilai – nilai kaedahan.
d. Mupangat moralitas yaiku nilai – nilai moral kang dhuwur saengga
para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
e. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa
didadekake tuladha kanggo para kang maca.
Ø Unsur crita rakyat
Crita rakyat nduweni unsur - unsur instrinsik,
kayata:
a. Tema yaiku
ide pokok utawa permasalahan utama kang ndasari lakuning crita.
b. Latar (setting)
yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu,papan
panggonan, lan suasana.
c. Paraga yaiku
paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake,
ciri fisike, lingkunganne, lan sapanunggalane.
d. Alur (plot)
yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
e. Amanat yaiku
pesen kang ana ing crita
f.
Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan,
lan sapanunggalane.
g.
Konflik yaiku perkara kang punjere crita
Ø Wujude crita
miturut William R. Bascom ana telung golongan,yaiku mitos, legendha, lan
dongeng.
a. Mitos
Mitos
yaiku critos kang dianggep bener – bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan,
segara utawa langit, tuladhane crita Nyi
Rara Kidul,Nyi Lanjar, lan sapanunggalane.
b. Legendha
Legendha
yaiku crita kang dianggep bener – bener kedadeyan, biasane crita mau ana
petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggalane. Tuladhane crita Baru Klinting, Kawah Sikidang, sumur Jalatundha,
Rara Jonggrang, lan sapanunggalane.
c. Dongeng
Dongeng
yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolonng Timun, Keon Mas, Lutung
Kasarung, lan sapanunggalane.
B.
Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan crita saka kang alur kang
dawa dadi cekak naming bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis,
bab – bab kang kudu digatekake yaiku:
a. Tema : gagasan pokok, pokok crita
b. Latar : papan lan wektu dumadhine prastawa
c. Alur : lakuning crita
d. Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa
digawe sinopsise.
Sumber:Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas Xl SMA/SMK/MA
Terimakasih, sangat membantu🙏
BalasHapusSippp
BalasHapusMatersuwun
BalasHapusKoncone Rijal lur
BalasHapusTerimakasih sangat membantu
BalasHapusSemoga bermanfaat bagi yg membaca
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapus