Minggu, 19 Januari 2020

Geguritan

Alam Sawegung

      Geguritan iku puisi Jawa gegrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.

A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane

      Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki:

  1. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
  2. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
  3. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. 
  4. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
  5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe. 

      Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemukake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).

Apa Bedane
dening: Sudi Yatmono

Apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati

apa bedane ati karo gori
bedane mung prakara bumbune
bedane apa bumbune karo sing dibumboni
bedane rak mung ana ing wadhah
apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa

lha apa bedane manungsa karo kewan
ah iku urusane Pangeran
(Mbangun Tuwuh, angka 138)

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

      Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan

      Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, perlu kogatekake bab-bab kaya mengkene.

  1. Ora kaiket dening aturan utawa pranata guru gatra,  guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale. 
  2. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik. 
  3. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale). 
  4. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale. 









Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

Rabu, 15 Januari 2020

Budaya Wewaler

Ringkesan

     Wewaler padha karo gugo tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata,temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kapercayaan tansah dewu rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayani iku.

Gugon Tuhon

  1. Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Batara kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kapercayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Batara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala.
  2. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik.
  3. Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindakake.
     Budaya Jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kamanungsan, kabangsaan, kaluwarga, lan kadonyan.


  • Pituduh
     Mungguhe bebrayan Jawa, pituduhe urip kaperang dadi enem prekara, kacheta ing ngisor iki.
  1. Pituduh magepokan karo Gusti Kang Maha Wisesa
  2. Pituduh kang magepokan karo rohani
  3. Pitiduh magepokan karo kamannungsan
  4. Pituduh kang magepokan karo kabangsan
  5. Pituduh magepokan kulawarga
  6. Pituduh magepokan karo kadonyan
  • Wewaler
      Kaya dene pituduh, wewaler bebrayan Jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya ing ngisor iki.
  1. Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip
  2. Wewaler kang magepokan karo rohani
  3. Wewaler kang magepokan karo kamanungsan
  4. Wewaler kang magepokan karo kabangsan
  5. Wewaler kang magepokan karo kulawarga
  6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan










Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas Xll SMA/SMK/MA

Ngawekani Akehe Informasi

Informasi

     Ing jaman kemajaun wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awit saka akehe iklan wong nganti bingung ndewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik tegese. Ing jaman sarwa modern iki iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Salah sijine titikan iklan kang becik iku bisa dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gampang dingerteni dening pamaos utawa pamirsa.


  • Ngrembug teks iklan 
           Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Lumantar medhiane iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulis. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho bisa ga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayate TV lan radio. Dene unsur - unsure iklan antarane yaiku:

  1. jeneng barang utawa jasa kang ditawakake,
  2. pihak utawa pawongan kang masang,
  3. alamate sing masang,
  4. kahanan serta mupangat barang utawa jasa kang ditawakake.
Basa teks iklan iku beda karo basa teks - teks liyane. Titikane basa iklan yaiku:
  1. migunake slogan,
  2. ukarane persuasi utawa mbujuk wong liyo,
  3. migunakake subjek wong kapisan.
  • Nulis teks iklan
     Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik kudu mggatekake babagan ing ngisor iki yaiku:
  1. sing dituju kudu cetha,
  2. sing ngirim kudu cetha,
  3. barang utawa jasa sing ditawakake kudu cetha,
  4. narik kawigaten sing maca,
  5. nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca,
  6. nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake,
  7. bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake,
  8. nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling - eling.
  • Cara nulis iklan
  1. temokna ancase iklan (nawakake barang utawa asa)
  2. gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur - unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan, utawa manfaat).
  3. ngrembakake cengkorona dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan, uga narik kawigaten.
  • Nyuguhake teks iklan
  1. Paham isine iklan. Kalebu basa, uga pangucapane tembung kang rinakit ing teks iklan.
  2. Swara sarta pangucapaning tembung kudu cetha lan trep.
  3. Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.










Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas Xl SMA/SMK/MA

Selasa, 14 Januari 2020

Tembang Gambuh

Urip Bebrayan


    Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara lV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya, wedha tegese wulangan utawa tuntunan, dene tama duwe teges utama utawa kautaman. Dadi, wose Serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi.


A. Maca lan nanggapi teks Serat Wedhatama pupuh Gambuh lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan

 Gambuh
Samengko ingsun tutur
sembah catur supaya lumuntur
dihinraga, cipta, jiwa, rasa, kaki
ing kono lamun tinemu 
tandha nugrahaning Manon

  • Guru gatra yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatra ne saben papada tembang gambuh ana 5.
  • Guru lagu yaiku wewaton dhong - dhinge swara utawa sukon - wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang gambuh yaiku u, u, i, u, o.
  • Guru wilangan yaiku wewaton cacahing anda (suku kata) saben sagatra (larik). Dadi, guru wilangane tembang gambuh yaiku 7, 10, 12, 8 8, 
  • Supaya gampang dieling - eling, guru wilangan lan guru lagune tembang gambuh, biasane ditulis: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o.  
B. Nemokake tuntunan ing serat wedhatama pupuh gambuh lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

Gambuh
kelak saya bertutur,
empat macam sembah supaya
dilestarikan,
pertama: raga, kedua: sembah
 cipta, ketiga: sembah jiwa, dan 
keempat: sembah rasa, anakku.
disitulah akan bertemu dengan 
pertanda anugrah tuhan.


Pada iki salah siji saka 35 pada ing Gambuh Serat Wedhatama. Saka pada kang wis dijarwakake dadi basa Indonesia mau bisa ditemokake tuntunaning urip, upamane:
  • Manungsa kudu nyembah gusti kang maha kuasa.
  • Sembah marang Gusti kang maha kuwasa ana patang werna yaiku sembah raga, jiwa, rasa.
  • Manungsa yen wis nglakoni patang sembah iku mau, bakale entuk anugrah saka gusti kang maha kuasa.







Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kels Xl SMA/SMK/MA

Senin, 13 Januari 2020

Crita Rakyat


A.     Crita Rakyat

Crita rakyat yaiku crita kang dicritakakekanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakaken ing maneka werna kahanan, anaing sajroning kumpulan, utawa pinangka. crita pamancing impen, lan sapiturute. Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga uga bisa migunani minangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah - bocah. Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar(setting), alur(plot), sudut pandhang lan amanat.

Tema yaiku pokok permasaahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema gumathok supaya gamapang diwaca. Latar(setting) yaiku papan panggonan,wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak sing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudut pandhang yaiku cara pandang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindo, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.

Crita rakta ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayuhan karo pamikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai - nilai social kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai – nilai moral kang nduweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.

Ø Titikane crita rakyat
a.      Panyebarane kanthi lesan
b.      Duweni sipat tradhisional
c.       Sugih cakrik lan variasi
d.      Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit)
e.      Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.
Ø  Mupangat crita rakyat yaiku:
a.      Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
b.      Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai – nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
c.       Mupangat estestis yaiku menehi nilai – nilai kaedahan.
d.      Mupangat moralitas yaiku nilai – nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
e.      Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.
Ø Unsur crita rakyat
Crita rakyat nduweni unsur - unsur instrinsik, kayata:
a.      Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndasari lakuning crita.
b.      Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu,papan panggonan, lan suasana.
c.       Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkunganne, lan sapanunggalane.
d.      Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
e.      Amanat yaiku pesen kang ana ing crita
f.        Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggalane.
g.       Konflik yaiku perkara kang punjere crita
Ø Wujude crita miturut William R. Bascom ana telung golongan,yaiku mitos, legendha, lan dongeng.
a.      Mitos
Mitos yaiku critos kang dianggep bener – bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul,Nyi Lanjar, lan sapanunggalane.
b.      Legendha
Legendha yaiku crita kang dianggep bener – bener kedadeyan, biasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggalane. Tuladhane crita Baru Klinting, Kawah Sikidang, sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggalane.
c.       Dongeng
Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolonng Timun, Keon Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggalane.

B.   Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan crita saka kang alur kang dawa dadi cekak naming bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab – bab kang kudu digatekake yaiku:
a.      Tema         : gagasan pokok, pokok crita
b.      Latar          : papan lan wektu dumadhine prastawa
c.       Alur           : lakuning crita
d.      Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.






Sumber:Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas Xl SMA/SMK/MA