Ing jaman kemajaun wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awit saka akehe iklan wong nganti bingung ndewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik tegese. Ing jaman sarwa modern iki iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Salah sijine titikan iklan kang becik iku bisa dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gampang dingerteni dening pamaos utawa pamirsa.
- Ngrembug teks iklan
- jeneng barang utawa jasa kang ditawakake,
- pihak utawa pawongan kang masang,
- alamate sing masang,
- kahanan serta mupangat barang utawa jasa kang ditawakake.
- migunake slogan,
- ukarane persuasi utawa mbujuk wong liyo,
- migunakake subjek wong kapisan.
- Nulis teks iklan
- sing dituju kudu cetha,
- sing ngirim kudu cetha,
- barang utawa jasa sing ditawakake kudu cetha,
- narik kawigaten sing maca,
- nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca,
- nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake,
- bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake,
- nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling - eling.
- Cara nulis iklan
- temokna ancase iklan (nawakake barang utawa asa)
- gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur - unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan, utawa manfaat).
- ngrembakake cengkorona dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan, uga narik kawigaten.
- Nyuguhake teks iklan
- Paham isine iklan. Kalebu basa, uga pangucapane tembung kang rinakit ing teks iklan.
- Swara sarta pangucapaning tembung kudu cetha lan trep.
- Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas Xl SMA/SMK/MA
Mantappp
BalasHapusSipp
BalasHapusbermanfaat sekali
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusGud
BalasHapus👍👍👍
BalasHapus